1 Kings 8:64 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing dina iku uga Sang Prabu nucekake tengah-tengahe plataran ing sangarepe padalemane Sang Yehuwah, amarga iya ana ing kono iku anggone panjenengane nyaosake kurban obaran, kurban dhaharan lan sakehe gajihe kurban slametan, amarga misbyah tembaga kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah iku keciliken manawa kanggo ndekekake kurban obaran lan kurban dhaharan sarta sakehe gajihe kurban slametan mau.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing dina kuwi uga ratu nyutyèkké tengah-tengahé plataran ing ngarepé griyané GUSTI, awit ya ing kono kuwi enggoné piyambaké masrahaké kurban obongan, kurban panganan lan sakkèhé gajihé kurban keslametan, awit mesbèh tembaga ing ngarepé GUSTI kuwi ketyiliken yèn kanggo ndèkèkké kurban obongan lan kurban panganan lan sakkèhé gajihé kurban keslametan mau.