1 Kings 9:19 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
lan ing sakehe kutha pasimpenan kagungane Sang Prabu Suleman, ing kutha-kutha panggonane kareta, ing kutha-kutha panggonaning wong nunggang jaran sarta ana ing ngendi bae kang dikarsakake Sang Prabu Suleman anggone arep yeyasa ana ing Yerusalem ana ing gunung Libanon, utawa ana ing sawewengkone nagara kang dikwaosi kabeh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
lan sakkèhé kuta simpenan duwèké Salomo, ing kuta-kuta panggonané kréta, ing kuta-kuta panggonané wong numpak jaran lan ing ngendi waé sing dikarepké Salomo enggoné arep nggawé apa waé ing Yérusalèm ana gunung Libanon, utawa ing sak tanah pangwasané negara sing dikwasani kabèh.