1 Kings 9:22 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging wong Israel ora ana kang kadadekake abdi kaya mangkono dening Sang Prabu Suleman; iku padha kadadekake prajurit, abdi dalem, panggedhe, opsir utawa panggedhening wadya-bala kang nunggang kreta lan wadya-bala jaranan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging wong Israèl ora ana sing didadèkké abdi kaya mengkono karo Salomo; kuwi pada didadèkké suradadu, pegawé, penggedéné, utawa penggedéné suradadu sing numpak kréta lan suradadu sing numpak jaran.