1 Peter 1:14 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Uripmu dikaya bocah kang mbangun-turut, aja nuruti hawa-nepsu kang misesa kowe nalika kowe isih padha bodho.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kowé kudu manut marang Gusti Allah ing prekara apa waé lan aja sampèk katut menèh mèlu nglakoni barang sing ala kaya sing mbok lakoni mbiyèn dongé kowé durung ngerti kabar kabungahané Gusti Yésus Kristus.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Uripmu kaya botyah sing mbangun turut, aja nuruti hawa-nepsuné sing ngwasani kowé nalika kowé ijik pada bodo.