1 Peter 2:12 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dibecik uripmu ana ing satengahe bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi supaya manawa padha mitenah marang kowe, kowe diarani durjana, padha nyumurupi panggawemu kang utama sarta ngluhurake Gusti Allah ing dina rawuhe nuweni wong-wong mau.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Apiké, ing sak tengahé bangsa-bangsa sing ora pretyaya marang Gusti Allah kowé pada nindakké urip sing pantes. Dadiné, senajan wong-wong pada ngarani kowé kuwi wong ala, nanging jalaran nitèni tindakmu sing betyik, kapan-kapan nèk ditekani Gusti Allah déwé ing uripé, mesti bakal ngelem Dèkné.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nduwénana urip sing apik ing tengahé bangsa-bangsa sing ora kenal marang Gusti Allah, supaya yèn kowé diarani nindakké ala, wong-wong kuwi pada weruh penggawéanmu sing betyik, terus ngluhurké Gusti Allah ing dina nalika Panjenengané nekani wong-wong mau.