1 Peter 3:9 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Aja males ala marang piala, utawa pepisuh marang pepisuh, nanging kosok-baline, kowe padha mberkahana, amarga anggonmu padha katimbalan iku supaya tumindak mangkono, satemah kowe padha oleh barkah. Sabab:
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Aja pisan-pisan mbales ala karo ala lan nèk ènèng wong ngolok-olok kowé, aja gentèn ngolok-olok wongé, aja ngono. Nanging wong sing nggawé ala marang kowé dipujèkké sing betyik waé. Dadiné kowé bisa nampa sak ènèngé kabetyikan sing wis dityawiské karo Gusti Allah nang swarga kanggo kowé, awit kuwi tujuané enggoné Gusti Allah manggil kowé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aja mbales sing ala karo sing ala, utawa pisuhan karo pisuhan, nanging kosok baliné, kowé pada mberkahi, awit ya kanggo sing mengkono kuwi enggonmu pada dipanggil, ya kuwi supaya pada olèh berkah. Awit,