1 Peter 4:11 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawa ana wong kang pitutur, iku dikaya wong kang nglantarake pangandikaning Allah; manawa ana wong kang leladi, iku katindakna kanthi kakuwatan peparinging Allah, supaya Gusti Allah kaluhurna ing samubarang kabeh marga saka Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang kagungan kamulyan sarta panguwaos langgeng salawas-lawase! Amin.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gampangé omong: Nèk ènèng sedulur ngetokké tembung sangka Gusti Allah, ya bèn Gusti Allah tenan sing ngomong. Nèk ènèng sedulur nulungi liyané, ya dilakoni nganggo kekuwatané Gusti Allah. Dadiné ing sembarang sing mbok tindakké kanggo Gusti Yésus Kristus, Gusti Allah sing diluhurké. Pantyèn, Gusti Allah sing kudu digunggung lan Dèkné sing ngwasani sembarang, saiki lan slawas-lawasé. Amèn!
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn ana wong sing ngomong, kuwi kaya wong sing nglantarké tembungé Gusti Allah; yèn ana wong sing ngladèni, kuwi ditindakké karo kekuwatan pawèhé Gusti Allah, supaya Gusti Allah diluhurké ing samubarang awit sangka Yésus Kristus. Panjenengané kuwi sing nduwé kamulyan lan pangwasa langgeng sak lawas-lawasé! Amin.