1 Samuel 1:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Banjur nglairake ujar, unjuke: “Dhuh Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, manawi Paduka nggalih dhateng karibedanipun abdi Paduka lan karsa ngengeti kawula saha boten kasupen dhateng abdi Paduka, nanging maringi anak jaler dhateng abdi Paduka punika, kawula badhe ngaturaken lare punika dhateng Sang Yehuwah sajeging gesangipun saha sirahipun boten badhe kagepok ing lading panyukuran.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus nglairké janji, semauré: “Duh GUSTI, sing ngwasani langit lan bumi, yèn Panjenengan nggatèkké marang kangèlané abdi Panjenengan lan gelem éling kula lan ora lali marang abdi Panjenengan, nanging ngekèki anak lanang marang abdi Panjenengan iki, kula bakal masrahké botyah kuwi marang GUSTI sakjeké uripé lan sirahé ora bakal kedemok karo péso tyukur.”