1 Samuel 10:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nabi Samuel banjur mundhut guci isi lenga, disuntak ing sirahe Saul, diambung karo ngandika: “Sang Yehuwah rak wus njebadi kowe dadi ratu tumrap umate Israel? Kowe bakal nyekel paprentahan, ngereh umate Sang Yehuwah lan kowe bakal ngluwari bangsa Israel saka ing tangane para mungsuh ing sakubenge. Iki pratandhane kanggo kowe, yen Sang Yehuwah wis njebadi kowe dadi ratune kagungane piyambak:
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Samuèl terus njupuk botol isi lenga, disuntak ing sirahé Saul, diambungi karo ngomong: “GUSTI wis nglengani kowé dadi ratu kanggo umaté Israèl? Kowé bakal nyekel pemrintahan, ngwasani umaté GUSTI lan kowé bakal ngluwari bangsa Israèl sangka tangané para mungsuh ing sak ubengé. Iki tandané kanggo kowé, yèn GUSTI wis nglengani kowé dadi ratuné duwèké déwé: