1 Samuel 10:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saka ing kana kowe bakal mlaku terus bae nganti tutug ing elon ing Tabor. Ing kono kowe bakal kapethuk wong lanang telu, kang padha munggah sowan marang ing ngarsane Gusti Allah ing Betel; kang siji nuntun cempe telu, sijine nggawa roti telung iji, lan katelune nggawa anggur saimpes.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sangka kono kowé bakal mlaku terus waé nganti tekan ing élon ing Tabor. Ing kono kowé bakal kepetuk wong lanang telu, sing pada munggah nemoni ing ngarepé Gusti Allah ing Bétel; sing siji nuntun tyempé telu, sijiné nggawa roti telung iji, lan wong sing kaping telu nggawa anggur sak kantong.