1 Samuel 11:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong sabangsa kabeh banjur padha mangkat menyang Gilgal lan njumenengake Sang Prabu Saul dadi ratu ana ing kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Gilgal, lan ing kono padha nyaosake kurban kaslametan ana ing ngarsane Sang Yehuwah; Sang Prabu Saul lan sakehing wong Israel padha suka-suka rame banget ana ing kono.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong sak bangsa kabèh terus pada budal menyang Gilgal lan ndadèkké Saul dadi ratu ing kono ing ngarepé GUSTI ing Gilgal, lan ing kono pada masrahaké kurban keslametan ing ngarepé GUSTI; Saul lan kabèh wong Israèl pada sukak-sukak ramé banget ing kono.