1 Samuel 11:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Banjur mundhut sapi sarakit, ditengkel-tengkel; tengkelane diwaratakake lumantar para utusan ing sawewengkone Israel kabeh klawan piweling: “Sing sapa ora melu ndherek Sang Prabu Saul Lan Nabi Samuel, sapine bakal digawe kaya mengkene iki.” Sang Yehuwah banjur ndhatengake pagiris marang bangsa iku, temah padha bareng maju.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus njupuk sapi sak rakit, ditengkel-tengkel; tengkelané dikirimké lantaran para kongkonan ing sak tanah pangwasané Israèl kabèh karo paweling: “Sapa sing ora mèlu bareng Saul lan Samuèl, sapiné bakal digawé kaya mengkéné iki.” GUSTI terus nekakké rasa wedi marang bangsa kuwi, nganti pada bareng maju.