1 Samuel 14:34 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Saul nuli ngandika maneh: “Padha midera ing satengahing rakyat lan padha kandhanana: Saben wong nggawaa sapine utawa wedhuse marang ing ngarsaku, iku belehen ing kene, kowe nuli kena mangan. Nanging aja nglakoni dosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah, yaiku mangan sagetihe.” Wong kabeh nuli padha nuntun sapine mrana ing bengi iku lan disembeleh ana ing kana.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saul terus ngomong menèh: “Pada ngubengana ing sak tengahé rayat lan pada omongana: Saben wong nggawaa sapiné utawa wedusé ing ngarepku, kuwi belèhen ing kéné, kowé terus kena mangan. Nanging aja nglakoni dosa ing ngarepé GUSTI, ya kuwi mangan sak getihé.” Wong kabèh terus pada nuntun sapiné mbrana ing mbengi kuwi lan dibelèh ing kana.