1 Samuel 14:36 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Saul ngandika maneh: “Payo kita padha mburu wong Filisti ing bengi iki, lan njarahi nganti bangun esuk sarta aja ana kang diuripi siji-sijia.” Ature wong akeh iku: “Sumangga katindakna punapa ingkang kagalih prayogi.” Nanging ature imam: “Sumangga sami sowan dhateng ing ngarsanipun Sang Yehuwah rumiyin.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saul ngomong menèh: “Hayuk kita pada nguber wong Filistèn ing mbengi iki, lan ngrampasi nganti sésuk-ésuk lan aja ana sing diuripi siji-sijia.” Tembungé wong okèh kuwi: “Hayuk ditindakké apa sing kok pikir apik.” Nanging tembungé imam: “Hayuk pada nemoni marang GUSTI ndisik.”