1 Samuel 14:40 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wasana Sang Prabu Saul ngandika marang sakehe wong Israel: “Kowe padha ngadega ana ing sisih kana, dene aku lan putraku Yonatan ana ing sisih kene.” Wong akeh banjur munjuk marang Sang Prabu Saul: “Sumangga katindakna, punapa ingkang kagalih prayogi.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saul ngomong marang sakkèhé wong Israèl: “Kowé pada ngadeka ing sisih kana, nanging aku lan anakku Yonatan ing sisih kéné.” Wong okèh terus ngomong marang Saul: “Hayuk ditindakké, apa sing kok pikir apik.”