1 Samuel 14:41 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Saul banjur matur mangkene: “Dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, kenging punapa Paduka boten karsa paring wangsulan dhumateng abdi Paduka ing dinten punika? Manawi kalepatan punika dumunung wonten ing kawula utawi anak kawula, dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka tedahna Urim punika, nanging manawi kalepatan punika dumunung wonten ing umat Paduka Israel, Paduka tedhahna Tumim.” Nuli kang katuding Pangeran Yonatan lan Sang Prabu Saul, nanging wong akeh temah bebas.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saul terus ngomong mengkéné: “Duh GUSTI, Gusti Allahé Israèl, kenèng apa Panjenengan ora gelem nyauri marang abdi Panjenengan ing dina iki? Yèn kesalahan kuwi manggon ing kula utawa anak kula, duh GUSTI, Gusti Allahé Israèl, Panjenengan kétokké Urim kuwi, nanging yèn kesalahan kuwi manggon ing umat Panjenengan Israèl, Panjenengan kétokké Tumim.” Terus sing dituding Yonatan lan Saul, nanging wong okèh nganti bébas.