1 Samuel 15:22 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging ature Nabi Samuel: “Punapa Sang Yehuwah karenan dhateng kurban obaran lan kurban sembelehan sami kaliyan pambangun turut dhateng sabdanipun Sang Yehuwah? Mbangun turut punika saestu langkung sae katimbang kurban sembelehan, nggatosaken langkung sae katimbang gajihipun menda jaler.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging tembungé Samuèl: “Apa GUSTI seneng marang kurban obongan lan kurban sing dibelèh pada karo mbangun turut marang pitutur-pituturé GUSTI? Mbangun turut kuwi tenan luwih apik tenimbang kurban sing dibelèh, nggatèkké luwih apik tenimbang gajihé wedus lanang.