1 Samuel 16:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nabi Samuel banjur mundhut wadhahe sungu kang isi lenga lan Dawud dijebadi ana ing satengahing sadulur-sadulure. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Rohe Sang Yehuwah nunggil karo Dawud. Nabi Samuel banjur tindak kondur menyang ing Rama.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Samuèl terus njupuk wadahé sungu sing isi lenga lan Daved dijebatani ing sak tengahé seduluré. Wiwit ing dina kuwi lan sak terusé Rohé GUSTI nunggal karo Daved. Samuèl terus lunga mulih menyang ing Rama.