1 Samuel 16:2 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Nabi Samuel munjuk: “Kados pundi anggen kawula badhe mangkat? Manawi Sang Prabu Saul mireng bab punika, temtu kawula dipun pejahi.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Nggawaa sapi nom lan tutura: Tekaku iki arep nyaosake kurban marang Sang Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Samuèl ngomong: “Kaya ngendi enggèn kula bakal budal? Yèn Saul krungu bab kuwi, mesti kula dipatèni.” Tembungé GUSTI: “Nggawaa sapi nom lan ngomonga: Tekaku iki arep masrahaké kurban marang GUSTI.