1 Samuel 17:46 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing dina iki uga Sang Yehuwah bakal masrahake kowe marang ing tanganku lan aku bakal ngasorake kowe sarta nugel gulumu; ing dina iki uga aku bakal makakake bathangmu lan bathange bala Filisti marang manuk-manuk ing awang-awang lan marang kewan galak, supaya salumahing bumi padha sumurupa, yen Israel duwe Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing dina iki uga GUSTI bakal masrahaké kowé ing tanganku lan aku bakal ngalahké kowé lan nugel gulumu; ing dina iki uga aku bakal makakaké batangmu lan batangé suradadu Filistèn marang manuk-manuk ing awang-awang lan marang kéwan galak, supaya sak lumahé bumi pada ngertia, yèn Israèl nduwé Gusti Allah.