1 Samuel 18:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu ngandika marang Sang Dawud: “Iki putraningsun putri pembayun, Merab; iku bakal suntrimakake marang sira, dadi bojonira, mung bae dadia wong prawira kagem ingsun lan andona perange Sang Yehuwah.” Awit Sang Prabu nggalih: “Aja nganti tanganku kang nglawan, kareben katempuh dening tangane bangsa Filisti.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saul ngomong marang Daved: “Iki anakku wadon sing mbarep, Mérab; kuwi bakal tak kèkké marang kowé, dadi bojomu, mung waé dadia suradadu sing gagah lan rosa kanggo aku lan tandangana perangé GUSTI.” Awit Saul mikir: “Aja nganti tanganku sing nglawan, bèn ketaman karo tangané bangsa Filistèn.”