1 Samuel 18:25 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu nuli ngandika maneh: “Tutura marang Dawud mangkene: Sang Prabu boten mundhut tumbasan, kejawi namung ikutipun tiyang Filisti satus minangka pamalesipun Sang Prabu dhateng mengsahipun.” Karsane Sang Prabu Saul tiwase Dawud lumantar wong Filisti.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saul terus ngomong menèh: “Ngomonga marang Daved mengkéné: Ratu ora njupuk bayaran kanggo kawin, kejaba mung ikuté wong Filistèn 100 kanggo mbalesé marang mungsuh-mungsuhé ratu.” Karepé Saul patiné Daved lantaran wong Filistèn.