1 Samuel 19:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Saul ngandika marang Sang Putri Mikhal: “Yagene sira ngapusi ingsun mengkono sarta nulungi mungsuhku, nganti bisa oncat?” Nanging Sang Putri Mikhal mangsuli unjuke: “Piyambakipun wicanten dhateng kawula makaten: Aku arep lunga aja kokcandhet. Apa kowe njaluk dakpateni?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saul ngomong marang Mikal: “Kenèng apa kowé ngapusi aku mengkono lan nulungi mungsuhku, nganti bisa utyul?” Nanging Mikal nyauri semauré: “Dèwèké omongan marang kula mengkéné: Aku arep lunga aja kok tyegat. Apa kowé njaluk tak patèni?”