1 Samuel 2:28 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan Ingsun wus miji saka ing antarane taler Israel kabeh dadi imam kagem Ingsun, supaya saos kurban ana ing misbyahingSun, ngobong dupa lan manganggo efod ana ing ngarsaningSun; golonganira wus Sunpasrahi sakehing kurbane genenan wong Israel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan Aku wis milih sangka antarané taler Israèl kabèh dadi imam kanggo Aku, supaya pasrah kurban ing mesbèh-Ku, ngobong dupa lan nganggo éfod ing ngarep-Ku; golonganmu wis Tak pasrahi kabèh kurbané bakaran wong Israèl.