1 Samuel 20:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Sang Dawud matur maneh: “Ingkang rama temtu sampun uninga, bilih panjenengan remen dhateng kula. Mila panggalihipun: Yonatan aja nganti ngreti prakara iki, mengko mundhak sedhih atine; ewadene, demi Sang Yehuwah ingkang agesang, lan demi gesang panjenengan, antawisipun pejah kaliyan kula namung wonten sajangkah.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Daved ngomong menèh: “bapakmu mesti wis ngerti, yèn sampéyan seneng marang kula. Mila pikirané: Yonatan aja nganti ngerti perkara iki, mengko mundak sedih atiné; nanging, kanggo GUSTI sing urip, lan kanggo urip sampéyan, mung ana sak jangkah antarané kula lan pati.”