1 Samuel 21:2 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wangsulane Sang Dawud marang Imam Akhimelekh: “Kula dipun paringi ayahan dening Sang Prabu kanthi piweling: Sapa-sapaa ora kena nyumurupi prakara kang dadi perlune sira sunutus lan kang sunbubuhake marang sira iku. Milanipun tiyang-tiyang kula sami kula ken dhateng wonten ing satunggaling panggenan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Semauré Daved marang imam Akimèlèk: “Kula dikèki penggawéan karo ratu karo diweling: Sapa-sapa ora kena weruh perkara sing dadi perluné kowé tak utus lan sing tak préntahké marang kowé kuwi. Mulané wong-wong kula pada kula kongkon menyang ing salah sijiné panggonan.