1 Samuel 21:9 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ature imam mau: “Pedhangipun Goliat tiyang Filisti ingkang panjenengan pejahi wonten ing Lebak Wit-Ela punika ingkang wonten ing ngriki, kaluruban ing sinjang, ing sawingkingipun efod punika. Manawi badhe panjenengan asta, mangga kula aturi mundhut; sanesipun boten wonten, namung punika.” Pangandikane Sang Dawud: “Boten wonten ingkang nyameni punika, pundi panjenengan paringaken dhateng kula.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé imam mau: “Pedangé Goliat wong Filistèn sing sampéyan patèni ing legokan wit Terbantin kuwi ing kéné, dibuntel karo mori, ing sak mburiné éfod kuwi. Yèn bakal sampéyan jikuk, kono sampéyan njupuk; liyané ora ana, mung kuwi.” Tembungé Daved: “Ora ana sing madani kuwi, sampéyan kèkké marang kula.”