1 Samuel 22:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Saul banjur ndangu marang wong iku: “Geneya sira kok padha sakuthon karo anake Isai nglawan marang ingsun? Sira kok ngwenehi roti lan pedhang, sarta neges marang Gusti Allah kanggo wong iku, temah banjur mbalila marang ingsun lan dadi pepalang kaya dene saiki iki?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saul terus takon marang wong kuwi: “Kenèng apa kowé kok pada bebarengan karo anaké Isai nglawan marang aku? Kowé kok ngekèki roti lan pedang, lan takon marang Gusti Allah kanggo wong kuwi, nganti terus mbruntak marang aku lan dadi pepalang kaya saiki iki?”