1 Samuel 22:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Punika boten namung nembe sapisan kemawon anggen kawula neges dhateng Gusti Allah kangge piyambakipun. Babar pisan boten!Sang Prabu mugi sampun ngantos kagungan pandakwa dhateng abdi dalem kawula, dalasan dhateng kulawarga kawula, amargi abdi dalem boten mangretos punapa-punapa menggah punika wau sadaya, inggih alita inggih agenga.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kuwi ora mung sing pisanan waé enggèn kula takon marang Gusti Allah kanggo dèwèké. Babar pisan ora! Ratu muga aja nganti nduwé ndakwa marang abdimu, uga marang brayaté kula, awit abdimu ora ngerti apa-apa tegesé kuwi mau kabèh, ya perkara tyilik ya perkara gedé.”