1 Samuel 23:25 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika Sang Prabu Saul tindak sabalane nglari Sang Dawud, nuli ana kang ngaturi uninga marang Sang Dawud. Sang Dawud nuli tindak menyang ing gunung watu parang lan lereb ana ing pasamunan Maon. Bareng Sang Prabu miyarsa bab iku, banjur ngoyak Sang Dawud menyang ing pasamunan Maon.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu Saul lunga sak balané nguber Daved, terus ana sing ngomongi marang Daved. Daved terus lunga menyang ing gunung watu lan manggon ing ara-ara samun Maon. Kadung Saul krungu bab kuwi, terus ngoyak Daved menyang ing ara-ara samun Maon.