1 Samuel 24:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Panjenengan dalem pirsani rumiyin, dhuh kanjeng rama, panjenengan dalem pirsani poncoting jubah pangageman dalem ing tangan kawula punika! Mirid saking anggen kawula ngiris poncoting jubah pangageman dalem, ewadene boten ngantos nyedani panjenengan dalem, panjenengan dalem rak saged mirsa lan nguningani, bilih tangan kawula resik saking piawon lan cidra saha bilih kawula boten nglampahi dosa wonten ing ngarsa panjenengan dalem, sanajan panjenengan dalem nguya-uya kawula lan ngangkah nyawa kawula.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sampéyan bakal ndelok disik, duh bapakku, sampéyan bakal ngerti pojokané jubah sandangané sampéyan ing tangan kula iki! Sangka enggèn kula ngiris pojokané jubah sandangané sampéyan, nanging ora nganti matèni sampéyan, sampéyan bisa ngerti lan weruh, yèn tangan kula resik sangka ala lan goroh lan yèn kula ora nandangi dosa ing ngarepé sampéyan, senajan sampéyan nyia-nyia kula lan ngarah nyawa kula.