1 Samuel 24:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing dina iki sira wus nelakake kabecikanira marang ingsun. sanadyan Sang Yehuwah wus masrahake ingsun marang tanganira ewadene sira ora nyedani ingsun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing dina iki kowé wis nyatakké kabetyikanmu marang aku. Senajan GUSTI wis masrahaké aku marang tanganmu nanging kowé ora matèni aku.