1 Samuel 24:5 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para balane Sang Dawud banjur matur marang panjenengane: “Dinten ingkang dipun pangandikakaken dening Sang Yehuwah sampun dumugi: Lah, Ingsun masrahake satrunira ana ing tanganira, tindakna apa kang sira anggep prayoga.” Sang Dawud banjur jumeneng, lan ngiris poncoting jubah pangagemane Sang Prabu Saul kalawan colongan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para balané Daved terus ngomong marang dèkné: “Dina sing diomongké karo GUSTI wis teka: Aku masrahaké mungsuhmu ing tanganmu, tandangi apa sing kok anggep apik.” Daved terus ngadek, lan ngiris pojokané jubah sandangané Saul karo meneng-meneng.