1 Samuel 24:9 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono Sang Dawud uga jumeneng medal saka ing guwa iku lan nguwuh-uwuh marang Sang Prabu Saul saka ing pengkerane, ature: “Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, ratu kawula.” Sang Prabu Saul noleh, Sang Dawud nuli jengkeng kalawan pasuryane nganti konjem ing bumi, sarta banjur sujud nyembah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono Daved uga ngadek metu sangka guwa kuwi lan mbengok marang Saul sangka mburiné, tembungé: “Duh bendara kula, ratu kula.” Saul nolèh, Daved terus nyembah karo praupané nganti tekan ing lemah, lan terus sujut nyembah.