1 Samuel 25:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Dawud nuli ngandika marang balane: “Kowe kabeh padha nyengkelita pedhang!” Nuli padha nyengkelit pedhang; Sang Dawud piyambak uga nyengkelit pedhange. Ing wektu samana ana wong watara patang atus kang padha ndherekake Sang Dawud nglurug, dene kang rong atus padha kari tunggu barang-barange.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Daved terus ngomong marang balané: “Kowé kabèh pada nyengkelita pedang!” Terus pada nyengkelit pedang; Daved déwé uga nyengkelit pedangé. Ing waktu semono ana wong 400 sing pada ngetutké Daved ngluruk, nanging sing 200 pada kèri nunggu barang-barangé.