1 Samuel 25:20 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika wong wadon iku nunggang kuldi medhun metu ing saselaning gunung, Sang Dawud sabalane uga mandhap ngener marang dheweke; temahan padha pethukan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu wong wadon kuwi numpak kimar medun metu ing tengahé gunung, Daved lan sak balané uga medun nuju marang dèwèké; sak nalika pada petukan.