1 Samuel 25:29 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawi wonten tiyang ingkang gumregah badhe ngarah nyawa panjenengan dalem, nyawa panjenengan dalem badhe rinimatan ing buntelan panggenaning para tiyang ingkang gesang wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan dalem, namung nyawanipun para mengsah panjenengan dalem badhe kabandhilaken saking lekokaning bandhil.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn ana wong sing ngadek bakal nggolèki nyawa sampéyan, nyawa sampéyan bakal dirumat ing buntelan panggonané para wong sing urip ing ngarepé GUSTI, Gusti Allah sampéyan, mung nyawané para mungsuh sampéyan bakal dibandilaké sangka tukang bandil.