1 Samuel 26:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Dawud ngandika maneh marang Sang Abner: “Sampeyan punika rak tiyang jaler? Sinten ing antawisipun bangsa Israel ingkang nyameni sampeyan? Kenging punapa sampeyan boten ngreksa dhateng ratu sampeyan? Amargi wonten tiyang saking panunggilanipun rakyat ingkang dhateng badhe nyidra Sang Prabu, Gusti sampeyan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Daved ngomong menèh marang Abnèr: “Sampéyan kuwi wong lanang? Sapa ing antarané bangsa Israèl sing madani sampéyan? Kenèng apa sampéyan ora njaga marang ratu sampéyan? Awit ana wong sangka tunggalé rayat sing teka arep matèni, ratu sampéyan.