1 Samuel 26:22 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Sang Dawud mangsuli ature: “Lah punika waos kagunganipun Sang Prabu, dhuh gusti kawula! Salah satunggaling abdi paduka kadhawuhana nyabrang murugi punika.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Daved nyauri tembungé: “iki tumbak duwèké ratu! Kongkonen salah sijiné abdi sampéyan nyabrang kanggo njupuk tumbaké iki.