1 Samuel 26:25 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Sang Dawud: “Muga sira binerkahan, dhuh putraningsun Dawud. Apa bae kang sira tandangi, mesthi sira bisa nindakake.” Sang Dawud banjur nerusake tindake saparan-paran lan Sang Prabu Saul kondur menyang ing daleme.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saul terus ngomong marang Daved: “Supaya kowé kaberkahan, duh anakku Daved. Apa waé sing kok tandangi, mesti kowé bisa nindakké.” Daved terus neruské mlakuné sak paran-paran lan Saul mulih menyang omahé.