1 Samuel 27:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Dawud ora nguripi wong siji-sijia, iya lananga iya wadona, kang banjur dibandhang menyang ing Gat, amarga nggalih: “Aja nganti padha martakake bab iku kabeh mangkene: Iki kang ditindakake Dawud.” Mangkono pratingkahe salawase manggon ana ing wewengkone bangsa Filisti.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Daved ora nguripi wong siji-sijia, ya wong lanang ya wong wadon, terus digawa menyang ing Gat, awit mikir: “Aja nganti pada ngabarké bab kuwi kabèh mengkéné: Iki sing ditindakké Daved.” Mengkono penggawéné suwéné manggon ing pangwasané bangsa Filistèn.