1 Samuel 27:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Dawud sabalane padha lereb ing bawahe Sang Prabu Akhis ing Gat, sawiji-wijine kanthi kulawargane; Sang Dawud karo garwane loro, yaiku Ahinoam, wong wadon saka ing Yizreel lan Abigail, tilas somahe Nabal, wong wadon saka ing Karmel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Daved lan sak balané pada manggon nang Akis ing Gat, saben wong karo brayaté; Daved karo bojoné loro, ya kuwi Ahinoam, wong wadon sangka Yisreèl lan Abigail, tilas bojoné Nabal, wong wadon sangka Karmèl.