1 Samuel 28:18 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Amarga kowe ora ngestokake dhawuhe lan ora ngleksanani mulad-mulading bebendune marang wong Amalek, yaiku jalarane Sang Yehuwah nandukake prakara iki marang kowe ing dina iki.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit kowé ora nggatèkké préntahé lan ora nindakké mulat-mulat nesuné marang wong Amalèk, ya kuwi jalarané GUSTI nindakké perkara iki marang kowé ing dina iki.