1 Samuel 28:20 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Padha sanalika Sang Saul dhawah nggejojor, amarga saka bangeting ajrihe bareng mireng pangandikane Nabi Samuel iku. Uga wus ora kagungan karosan maneh, amarga sadina sawengi ora dhahar apa-apa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak nalika Saul tiba ndlosor, awit sangka bangeté wediné bareng krungu tembungé Samuèl kuwi. Uga wis ora duwé karosan menèh, awit sedina sewengi ora mangan apa-apa.