1 Samuel 29:4 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging para senapatine wong Filisti padha duka marang raja Akhis sarta ngucap: “Tiyang punika panjenengan dhawuhi mantuk kemawon, kajengipun wangsul dhateng panggenan, ingkang panjenengan tedahaken, lan sampun ngantos tumut perang kaliyan kita, supados sampun ngantos mbalik nglawan kita wonten ing paprangan. Awit punapa ta ingkang kenging kangge mendhet galihing gustinipun, kajawi sarana masrahaken sirahipun tiyang-tiyang punika?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging para penggedéné suradaduné wong Filistèn pada nesu marang Akis lan ngomong: “Wong kuwi sampéyan préntah mulih waé, ya bèn mulih marang panggonan, sing sampéyan duduhké, lan aja nganti mèlu perang karo kita, supaya aja nganti mbalik nglawan kita ing peperangan. Awit apa ta sing kenèng kanggo jikuk atiné ratuné, kejaba karo masrahaké sirahé wong-wong iki?