1 Samuel 3:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane Imam Eli: “Apa kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang kowe? Aja kok sidhem marang aku. Kowe diganjara paukuman dening Sang Yehuwah mangkene lan diwuwuhana luwih akeh saka iku, manawa kowe nyidhem satembung bae apa kang dipangandikakake marang kowe.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé imam Eli: “Apa sing dipréntahké GUSTI marang kowé? Aja kok delikké marang aku. Kowé diganjar paukuman karo GUSTI mengkéné lan ditambah luwih okèh sangka kuwi, yèn kowé ndelikké sak tembung waé apa sing diomongké marang kowé.”