1 Samuel 3:9 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane Imam Eli ngandika marang Samuel: “Mapana turu maneh lan manawa kowe ditimbali, matura mangkene: Dhuh Sang Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka punika mirengaken.” Samuel banjur bali mapan turu maneh ana ing paturone.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané imam Eli ngomong marang Samuèl: “Mapana turu menèh lan yèn kowé dityeluk, ngomonga mengkéné: Duh GUSTI, Panjenengan supaya gelem ngomong, awit abdi-Mu iki ngrungokké.” Samuèl terus bali mapan turu menèh ing peturoné.