1 Samuel 30:21 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng Sang Dawud rawuh ing panggonane wong rong atus kang padha kesayahen ndherekake Sang Dawud, lan kang diparengake kari ana ing sacedhake kali Besor, wong iku padha metu methukake rawuhe Sang Dawud lan wong kang padha ndherek. Sang Dawud banjur marepeki wong-wong iku sarta uluk salam.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng Daved teka ing panggonané wong 200 sing pada kekeselen ngetutké Daved, lan sing dililani kèri ing sak tyedaké kali Bésor, wong kuwi pada metu metuk tekané Daved lan wong sing pada mèlu. Daved terus nyedaki wong-wong kuwi lan mbagèkké keslametan.