1 Samuel 30:22 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wusana ana rembuge wong kang ala lan ambek dursila saka panunggalane kang ndherekake Sang Dawud, tembunge: “Sarehne wong iku ora padha melu kita, aja diwenehi apa-apa saka barang jarahan, kang wus kita rebut iku kejaba mung anak-bojone dhewe-dhewe bae. Iku kareben diepek lan cikben padha lunga.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus ana rembukané wong sing ala lan dursila sangka tunggalé sing ngetutké Daved, tembungé: “Awit wong kuwi ora pada mèlu kita, aja diwènèhi apa-apa sangka barang sing direbut, sing wis kita rebut kuwi kejaba mung anak bojoné déwé-déwé waé. Kuwi bèn diepèk lan bèn pada lunga.”