1 Samuel 4:13 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Satekane wong iku, Imam Eli pinuju lenggah ing kursi ing pinggir dalan ngadhang-andhang pawarta, panggalihe tansah dheg-dhegan, jalaran saka pethine Gusti Allah iku. Nalika wong iku lumebu ing kutha lan ngandhakake pawarta iku, wong sawarataning kutha kabeh padha nangis pating jlerit.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak tekané wong kuwi, imam Eli pinuju njagong ing kursi ing pinggir dalan ngentèni kabar, atiné tansah dek-dekkan, jalaran sangka petiné Gusti Allah kuwi. Waktu wong kuwi mlebu ing kuta lan ngomongké kabar kuwi, wong sak ratané kuta kabèh pada nangis pating jlerit.